Popular Posts

Blogger templates

Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 28 Maret 2015
ASMA



Sinten ingkang dereng pirsa kaliyan asma. Asma menika penyakit ingkang njalari amargi wonten gangguan ing piranti ambegan kados gorokan abuh utawi ciyut, pramila ambegan kaganggu utawi sesek. Kala-kala napasipun dados sesek. Asma menika amargi saluran ingkangge ambegan ingingkang dados ciyut amargi hiperaktivitas amargi rangsangan ingingkang ndadosaken radang lan saluran ambegan ingingkang ciyut sakuntawis wekdal.
Gerah asma kedadosan saking ciutipun saluran ambegan amargi respon dhumateng  rangsangan ingkang wonten ing paru-paru. Ciyutipun saluran ambegan amargi saking pinten-pinten kedadosan rangsangan, kayata saking serbuk sari, abluk, wulu kewan, keluk, hawa ingkang atis, lan olahraga.
Nalika kengeng serangan asma, otot polos saking bronki nglampahi kejang lan jaringan ingkang nglapisi saluran udara dados aboh amargi wonten peradangan (inflamasi) lan lender wonten ing salebeting saluran udara. Kados ngoten menika badhe nyilikaken diameter saking saluran udara (kasebut bronkokonstriksi) lan penyempitan niki ndadosaken penderita kedah ngupayakaken sekuwat tenaga supados saged ambegan.
Sel-sel tartamtu sajroning saluran udara, yaiku mastosit . Mastosit wonten ing sadawanipun bronki  menika nguculaken bahan kados histamin lan leukotrien ingkang ndadosaken: - kontraksi otot polos - peningkatan pembentukan lendir - pindahing sel darah putih tartamtu wonten ing bronki. Mastosit ngetokake bahan iku minangka respon marang barang asing (alergen), kayadene serbuk sari, abluk alus utawi wulu kewan. Gejalanipun asma inggih menika mengi lan wathuk.
Kalawau menggah menika panjelasanipun bab asma. Ananging kita kedah njagi kasarasan kita sesarengan lan kedah mbenthengi dhiri .
http://gejalapenyakitlo.blogspot.com/2013/11/cara-mengatasi-dan-mencegah-penyakit_4498.html



ARTIKEL KASARASAN-DESKRIPTIF

Nama                    : Anggun Kusuma Dewi

Kelas/No             : XI MIA 1 / 03

Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika awujud samubarang ingkang sampun boten kangge malih. Lan malih sampah punika minangka barang ingkang kathah-kathahipun damel kita jijik utawi mboten purun malih ningali, mendhet, ngambet, punapa malih migunakaken.

Ananging, sedaya paningal ingkang sampun kasebat kalawau punika sejatosipun boten sedaya leres. Kenging punapa kok mekaten? Pancen leres menawi kita tingali sakeplasan, sampah minangka barang ingkang boten wonten ginanipun. Ananging menawi kita saged tliti malih, sampah saged dipunolah malih dados barang ingkang wonten mupangatipun tumrap kita sedaya. Malah saged nambahi pengasilan kita sabendintenipun.


Sumangga Mbuang Reregetan Wonten Wadahipun
               Gesang ingkang anyem tentrem sakmenika gadhahi perkawis perkawis ingkang mboten sami. Perkawis perkawis sakmenika ugi saged dipunbagehi dados kalih inggih menika perkawis saking pribadi pinyambak kalihan mboten saking pinyambaikipun (luar). Perkawis saking pinyambakipun tuladhanipun perasaan ingkang mboten ngremenke. Lajeng, perkawis saking luar tuladhanipun geblok ingkang resik lan mboten mblungkrah. Wonten artikel menika kula gadhahi babagan cara menjaga geblok supados resik.
            Geblok ingkang resik lan mboten mblungkrah menika geblok ingkang mboten wonten reregetan kalihan supados rapi. Lajeng lingkungan ingkang resik ugi resik utawi mboten wonten polusi ingkang inggil.
            Reregatan inggih menika barang ingkang mboten dipun kagem meleh. Reregetan menika ugi saged ngrugiaken manungso. Reregetan ugi saged nimbulaken polusi. Reregatan menika ngrugiaken manungso. Reregatan saged dipunbagi dados kaleh perkawis inggih menika organik kalihan non organik.
            Reregetan organik inggih menika reregatan ingkang saged diuraikan kalihan bakteri. Reregetan organik menika tuladhanipun godhong godhongan. Reregetan non organik inggih menika reregetan ingkang mboten saged dipunurai kalihan bakteri. Tuladhanipun reregetan non organik inggih menika beling kalihan plastik.
            Reregetan menika ugi wonten dampakipun. Dampakipun saking reregetan saged dipun bagi dados kalih perkawis inggih menika becik kalihan luput. Dampak becik saking reregetan inggih menika reregetan dipundados pupus ingkang kalebet saking diuraikan. Ingkang dampak ingkang mboten becik utawi luput inggih menika saged dadosaken toya saking kali menika meluber.
            Pupuk utawi kompos ingkang dipun damel saking reregetan menika mboten kalah tinimbang kalih pupuk kimia. Kejaba menika pupuk organik menika mboten wonten bahan bahan ingkang saged ngrusak siti. Kejaba menika pupuk oraganik menika ugi saged jaget kalajengipun manungso atawis toyanipun ingkang kaliran saking tanduran ingkang dipupuk mboten wonten bahanipun kimia.
            Toya ingkang meluber saking kali menika biyasanipun dipunsebat banjir. Toya saged meluber saking kali menika amargi reregetan ingkang numpuk wonten kali. Tiyang tiyang wonten mriko kathah ingkang guwang sampah wonten kali. Kejaba saking mriko tiyang tiyang ingkang dalanipun ingkang lewat mriko ugi guwang. Saklajengipun menawi banjir menika wonten, kathah korban saking menika. Kathah tiyang ingkang saged seda amargi bencana menika. Wonten ugi tiyang tiyang ingkang luka luka amragi menika lajeng kathah tiyang ingkang kelangan bondhonipun.
            Wonten ing artikel menika kula nayuri sumangga kita mboten buang reregetan sembarangan utawi saksanipun. Reregetan  menika saged dados konco lan mungsuh ingkang mboten kito pangertosi. Reregetan saged dados arta lan ugi saged dados ngrugiaken kita. Reregetan menika tergantung kito ingkang ngelolanipun. Kapisan maleh kula nyumanggaken menawi kito kudu resikan kalihan mboten guang reregetan saksanipun. 
Artiekl Persuasi-Lingkungan
Wahyoe Hastha Wisnoe CandraRini (20/XIMIA1)  
Sinten ingkang boten mangertos YouTube? Wonten ing jaman menika YouTube dados salah satunggaling website ingkang misuwur wonten ing donya. YouTube inggih menika situs web andum video ingkang dipundamel dening tiga mantan karyawan PayPal wulan Februari 2005. Situs menika maringi tiyang ingkang ngginakaken kangge ngunggah, ningali lan andum video. Perusahaan menika nggadhahi kantor pusat wonten ing San Bruno, California lan teknologi Adobe Flash Video lan HTML5 kangge nampilaken maneka konten video damelanipun tiyang ingkang ngginakaken, kadosta klip film, klip TV, lan video musik. Kejawi menika wonten konten amatir  kados  blog video, video original pendek, lan video pendidikan.
            Rata-rata konten wonten ing YouTube dipununggah dening individu-individu, ananging perusahaan-perusahaan media kadosta CBS, BBC, Vevo, Hulu, lan organisasi liyanipun sampun ngunggah bab-babipun wonten ing situs menika dados perangan saking program kemitraan YouTube. Tiyang ingkang ngginakaken boten kadaftar saged ningali video, menawi tiyang ingkang boten kadaftar saged ngunggah video wonten jumlah ingkang boten terbatas. Video-video ingkang karaos kandhutan konten ofensif  namung saged dipuntingali tiyang ingkang ngginakaken kadaftar umur 18 tahun utawi langkung. Wulan November 2006, YouTube, LLC dipunpundhut dening Google kanthi regi US$1,65 miliar lan resmi ngoperasi dados anak perusahaan Google.
            Boten saged dipunsingkiri malih menawi YouTube menika salah satunggaling “online video sharing” ingkang kathah dipuntepangaken lan dipunkunjungi tiyang wonten ing donya. Kamangka taksih wonten Metacafe, Revver, Blip.tv saha Yahoo Video ugi sami-sami nyuguhaken Video klip, Trailer Film ngantos Trailer Game kangge dipuntingali lan dipundownload kanthi bebas. Ananging kagampilipun  kangge ngapload lan download video ndadosaken situs menika rame dipunkunjungi dening tiyang ingkang ngginakaken internet inggih wonten ing Indonesia utawi wonten tiyang donya menika.
             Manfaat YouTube menika saged kita tingali saking perusahan-perusahaan rekaman ingkang badhe ngawontenaken promosi dhateng artis-artisipun. Kejawi menika perusahaan periklanan ingkang badhe ngawontenaken promosi produk-produkipun lan sapanunggalipun. Namung kanthi nglebokaken kata kunci utawi password ingkang dipunpadosi, sedaya video ingkang maringi wawasan saged dipundownload kapan kemawon.
            Kathah sanget paedahipun saking YouTube, ananging kejawi menika ugi kathah dampak negatifipun, pramila saking menika kita dados wiranem kedah saged ngginakaken YouTube sakprelunipun lan ngertos batas-batasipun. Kita ugi kedah mbentengi dhiri kanthi iman supados boten kajerumus wonten dampak negatif menika.

Sumber :

ARTIKEL DESKRIPTIF - TI
Nama            : Heni Widyawati
No      : 11






Sosial media menika kalebet salah satunggalipun awujud kemajengan Tekhnologi lan Informatika (TI) ingkang paling kuraos dening kawula enom. Sosial media menika salah satunggaling sarana komunikasi dhumateng tiyang sanes ingkang tebih saking kita, ananging penggunaanipun ngagem koneksi internet. Sosial media menika sapisanan namung kagem tiyang-tiyang ingkang sampun mangertos internet, ananging sakmenika tiyang ingkang awam kaliyan internet sampun gadah sosial media.
            Sosial media ingkang kawentar sapisanan inggih menika Friendster. Friendster menika gadah kantor pusat wonten ing  Mountain View, California, kantor menika wiwit aktif saking 2002. Friendster menika salah satunggaling sosial media ingkang gadah fitur mirip kaliyan facebook, ananging  friendster menika fokusipun wonten ing babagan tembang kaliayan dolanan.


Kita sedanten menika warga nagari Republik Indonesia. Wonten ing nagari kita wonten peraturanipun awit saben tiyang ingkang sampun jangkep umur 17 taun utawi sampun krama menika kedah nggadahi Kartu Tanda Penduduk utawi saged  dipunwastani KTP. KTP menika dipunginakaken kagem interaksi kaliyan tiyang sanes, kagem berurusan kaliyan intitusi pelayanan pamerentah, lan taksih kathah malih.
Samenika KTP menika wujudipun sampun boten kertas malih ananging sampun kawujud Card utawi kartu. Lajeng naminipun sampun gantos inggih menika electronic-KTP (e-KTP). Isinipun sami inggih menika NIK utawi Nomor Induk Kependudukan, nama lengkap, tempat & tanggal lair, jenis kelamin, agami, status, golongan darah, alamat lengkap ingkang gadahi KTP, pekerjaan, pas foto, tempat & tanggal pengeluaran KTP, tapak asta.

Sinten ingkang dereng pirsa kaliyan olahraga Voli. Voli menika sampun kondhang saha dipunremeni dening tiyang enem ugi tiyang sepuh. Voli inggih menika satunggaling olahraga ingkang awujud dolanan kelompokan kanthi ngginakaken bal ageng dening kalih regu ingkang sami adhep-adhepan. Satunggal regu menika wonten enem tiyang.
Saben regu namung pikantuk nampel bal paling kathah kaping tiga. Regu ingkang menang inggih menika regu ingkang langkung rumiyin saget pikantuk poin 25 kanthi ndawahaken bal wonten ing petak regu satunggalipun. Supados saget pikantuk poin ingkang kathah, pemain kedah ngowaosi teknik-teknik ing dolanan menika. Wonten sekawan teknik dasar ingkang kedah dipunkuaosi inggih menika servis, passing, smash saha blocking.
1.    Teknik Servis
Servis inggih menika upaya ndamel bal supados saged mumbul saha nyebrang wonten ing nginggil net dumugi petak lawan saking garis wingking lapangan. Seryis menika saget dipuntindakaken saking andhap saha saking nginggil. Menika cara nindakaken servis ingkang leres saha sae.
a.    Cara nindakaken servis andhap
Menika urut-urutanipun cara nindakaken servis andhap:
1)   Jumeneng kanthi satunggal suku wonten ngajeng saha madhep net.
2)   Asta ingkang kiwa nyepeng bal wonten ing ngajeng badan saha badan radi bungkuk.
3)   Bal dipunumbulaken ngginakaken asta kiwa kirang langkung dhuwuripun 30 cm, lajeng sesarengan kaliyan menika asta ingkang tengen ngantem bal kanthi ngayun saking wingking andhap satemah bal saged mumbul wonten nginggilipun net.
Supados langkung gampil anggenipun nindakaken servis andhap, menika gambar cara nindakaken servis andhap.

b.    Cara nindakaken servis inggil
Menika urut-urutanipun cara nindakaken servis inggil:
1)   Jumeneng kanthi satunggal suku wonten ngajeng saha madhep net.
2)   Bal dipunumbulaken lempeng dhateng nginggil ngginakaken asta kiwa kirang langkung 60 cm wonten ing nginggil ngajeng sirah saha paningal dipunpusataken wonten ing bal.
3)   Lajeng sareng kaliyan menika, asta ingkang tengen ngayun saking wingking nginggil dhateng ngajeng.
4)   Bal dipuntampel ngginakaken tapak asta.
Supados langkung gampil anggenipun nindakaken servis inggil, menika gambar cara nindakaken servis inggil.

2.    Teknik Passing
Passing inggih menika ngoper bal dhateng kanca satunggal regu kangge damel serangan utawi dhateng petak  regu lawan supados saget pikantuk poin. Passing menika ugi wonten kalih jinis, inggih menika passing andhap saha passing inggil. Menika cara nindakaken passing ingkang leres.
a.    Cara nindakaken passing andhap
Urut-urutanipun cara nindakaken passing andhap ingkang leres inggih menika:
1)   Jumeneng kanthi radi ngakah sawiyaripun pundhak.
2)   Dengkul radi dipuntekuk, badan radi bungkuk.
3)   Kekalih asta dipunraketaken lempeng dating ngajeng ngandhap.
4)   Kekalih asta lajeng dipunayun sesarengan lempeng saduwuripun jaja sesarengan kaliyan nglempengaken dengkul kekalih, satemah bal kenging lengen andhap.
5)   Lajeng dipunpungkasi kanthi gerak lanjutan.
Supados langkung gampil anggenipun nindakaken passing andhap, menika gambar cara nindakaken passing andhap.

b.    Cara nindakaken passing inggil
Urut-urutanipun cara nindakaken passing inggil ingkang leres inggih menika:
1)   Jumeneng kanthi satunggal suku wonten ing ngajeng.
2)   Paningal dipunpusataken wonten ing bal.
3)   Badan radi bungkuk saha dengkul dipuntekuk.
4)   Kekalih asta mbika wonten ing nginggil sirah kanthi sikut dipuntekuk medal.
5)   Lajeng bal dipunsurung supados mumbul ngginakaken pucuk racikan lajeng dipundherekaken nglempengaken sikut, dengkul saha badan.
6)   Lajeng dipunpungkasi kanthi gerak lanjutan.
Supados langkung gampil anggenipun nindakaken passing inggil, menika gambar cara nindakaken passing inggil.

3.    Teknik Smash
Smash inggih menika nampel bal kanthi banter supados saged ngowahi pertahanan saking regu lawan. Adatipun kanthi smash menika regu ingkang nindakaken smash saged pikantuk poin amargi smash menika kiat sanget satemah rekaos dipuntampi dening regu lawan.
Menika urut-urutanipun cara nindakaken smash:
1)   Jumeneng kirang langkung 2-3 jangkah saking net.
2)   Mendhet wiwitan kanthi jangkahan ingkang wiyar saha datar.
3)   Asta kekalih dipunayun dhateng wingking, paningal dipunpusataken dhateng bal.
4)   Loncat kanthi nekuk dengkul kangge tolakan.
5)   Lengen ingkang badhe nempel bal dipunayun dhateng wingking sirah.
6)   Lajeng bal dipuntampel ngginakaken tapak asta kanthi banter lan kiat.
7)   Suku kekalih napak siti malih sesarengan kanthi dengkul ngeper.
Supados langkung gampil anggenipun nindakaken smash, menika gambar cara nindakaken smash.

4.    Teknik Blocking
Blocking utawi bendungan inggih menika upaya kangge nggagalaken smash saking regu lawan kanthi mbendung bal wonten ing nginggil net. Blocking menika saged dipuntindakaken satunggal kalih utawi tiga tiyang , tergantung kiatipun smash ingkang dipuntampi.
Menika urut-urutanipun cara nindakaken blocking ingkang leres:
1)   Jumeneng ngadhep dhateng net.
2)   Ningali bal saha pemain lawan.
3)   Loncat saking radi ndhodhok, kekalih asta wonten ngajeng pundhak.
4)   Julurkan kedua tangan ke atas untunk menghadang dan menitup bola yang dipukul.
5)   Suku kekalih napak siti malih sesarengan kanthi dengkul ngeper.
Supados langkung gampil anggenipun nindakaken blocking, menika gambar cara nindakaken blocking.

 Kalawau menggah teknik-teknik ingkang kedah dipunkuwaosi dening para pemain Voli. Wonten servis, passing, smash saha blocking. Menika nembe teknik-teknik ingkang dasar, ananging kedah dipuntindakaken kanthi sae saha leres menawi badhe menang ing dolanan menika. Kedah sregep saha temen anggenipun gladhen supados saged nguwaosi kanthi sae saha leres satemah saged dados pemain ingkang handal.



ARTIKEL BASA JAWI : EKSPOSISI OLAHRAGA
Kaserat dening
Nama : Khairusyifa Pratiwi
Kelas : XI MIA 1
No.    : 15