Popular Posts
-
Wayang kulit utawi r inggit wacucal menika salah sa tunggaling pagelaran ringgit ingkang maparaken lakon mahabharata utaw i ramayana...
-
Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawi masyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa ...
-
A. ANCAMAN DARI DALAM NEGERI Contoh-contoh bentuk ancaman terhadap NKRI dari dalam diantaranya adalah sebagai berikut : · ...
-
Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika ...
-
Sampah punika material tirah ingkang kebentuk saking mukawis proses. Sampah wonten kalih jinisipun inggih menika sampah organik kaliyan ...
-
Sosial media menika kalebet salah satunggalipun awujud kemajengan Tekhnologi lan Informatika (TI) ingkang paling kuraos dening kawula...
-
EGRANG Egrang inggih menika salah satunggaling dolanan ingkang wonten ing Jawa, ingkang dipundamel saking pring. Egrang sag...
-
ASMA Sinten ingkang dereng pirsa kaliyan asma. Asma menika penyakit ingkang njalari amargi wonten gang guan ing piranti...
-
Kula badhe ngandharaken argumen babagan seni reog ponorogo. Ing dusun kula seni reog ponorogo taksih dilestantunake amargi iku paninggala...
-
1. Pengertian Kedaulatan Kedaulatan adalah kekuasaan yang tertinggi dalam suatu negara yang berlaku dalam seluruh wilayah dan se...
Blogger templates
Blog Archive
-
▼
2015
(20)
-
▼
Maret
(18)
- AC Milan Pesta Gol Lawan Cagliari
- PENGOLAHAN SAMPAH ORGANIK
- pengaruhipun mie instan kangge kasarsan
- Budaya remaja ndungkluk
- Kuda lumping, kedah dipunlestantunaken ugi dikemba...
- EGRANG
- Asma
- MUPANGATIPUN SAMPAH
- Budidaya Guwang Reregetan Wonten Wadahipun
- YOUTUBE
- DONYA KAPING KALIH KAGEM KOMUNIKASI
- GAMPIL LAN SUSAHE DAMEL KTP
- Teknik-Teknik Wonten Ing Olahraga Voli
- GEJOG LESUNG
- Kabudayan Tedhak Siten
- MEKARIPUN TEKNOLOGI KAGEM PARA SISWA
- TOMAT KANGGO KASARASAN
- WAYANG KULIT
-
▼
Maret
(18)
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 28 Maret 2015
Sosial
media menika kalebet salah satunggalipun awujud kemajengan Tekhnologi lan Informatika
(TI) ingkang paling kuraos dening kawula enom. Sosial media menika salah
satunggaling sarana komunikasi dhumateng tiyang sanes ingkang tebih saking
kita, ananging penggunaanipun ngagem koneksi internet. Sosial media menika
sapisanan namung kagem tiyang-tiyang ingkang sampun mangertos internet,
ananging sakmenika tiyang ingkang awam
kaliyan internet sampun gadah sosial media.
Sosial media ingkang kawentar sapisanan inggih menika Friendster. Friendster menika gadah kantor pusat wonten ing Mountain View, California, kantor menika
wiwit aktif saking 2002. Friendster menika salah satunggaling
sosial media ingkang gadah fitur
mirip kaliyan facebook, ananging friendster
menika fokusipun wonten ing babagan tembang kaliayan dolanan.
Wonten ing Mei 2011 Friendster
menika ngicali fitur sanesipun, namung tembang kaliyan dolanan amargi boten badhe
saingan kaliyan facebook. Ananging
amargi icalipun fitur saking friendster, tiyang ingkang ngginakake
(pengguna) friendster menika nglampahi
pamudhunan, saderengipun ical menika wonten 8,2 juta pengguna, sasampunipun
dumados 1,2 juta mawon.
Sasampunipun friendster,
sosial media sanesipun kathah ingkang muncul. Ingkang kawentar wonten ing networker (pengguna internet) inggih
menika facebook, sosial media menika
kadamel dening Mark Zuckerberg, facebook menika wiwit aktif saking
Februari 2004. Kedadeyan facebook saged
katingal saking pengguna, pengguna facebook
menika ngantos 1 miliyar ingkang aktif. Tujuan utami facebook pancen kagem komunikasi kaliyan tiyang sanes ingkang
tebih. Boten katinggal, facebook
menika ugi gadah fitur permainan
kaliyan gadah pepiling menawi wonten konco ingkang ambal warsa.
Twitter menika
dumados sosial media salajengipun, twitter
menika gadah kaluwihan amargi wonten ing twitter
menika kita saged kekancan kaliyan tiyang sanes ananging boten ngagem jumlah
maksimal. Wonten ing twitter menika
ugi kathah akun artis ingkang asli.
Sejatosipun tasih kathah sosial media sanesipun, ananging
menika contonipun sosial media. Wonten ing taun-taun salajengipun, menawi IT gadah
kemajengan, sosial media menika ugi bakal majeng. Kita kawula enom saged
ginakake sosial media kanthi sae.
SUMBER :
http://lisaparkin.com/wp-content/uploads/2012/09/Social-Media-Tree-PNG-700px-e1356547066755.png
Artikel narasi-TI
Nama : Hillary Sekar P
No : 13
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar