Popular Posts
-
Wayang kulit utawi r inggit wacucal menika salah sa tunggaling pagelaran ringgit ingkang maparaken lakon mahabharata utaw i ramayana...
-
Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawi masyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa ...
-
ASMA Sinten ingkang dereng pirsa kaliyan asma. Asma menika penyakit ingkang njalari amargi wonten gang guan ing piranti...
-
A. ANCAMAN DARI DALAM NEGERI Contoh-contoh bentuk ancaman terhadap NKRI dari dalam diantaranya adalah sebagai berikut : · ...
-
Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika ...
-
Sampah punika material tirah ingkang kebentuk saking mukawis proses. Sampah wonten kalih jinisipun inggih menika sampah organik kaliyan ...
-
Sinten ingkang boten ngertos mie instan? Mie instan sampun populer sanget kangge kabeh uwong. Mie instan gampang di temok...
-
Sosial media menika kalebet salah satunggalipun awujud kemajengan Tekhnologi lan Informatika (TI) ingkang paling kuraos dening kawula...
-
EGRANG Egrang inggih menika salah satunggaling dolanan ingkang wonten ing Jawa, ingkang dipundamel saking pring. Egrang sag...
-
Kula badhe ngandharaken argumen babagan seni reog ponorogo. Ing dusun kula seni reog ponorogo taksih dilestantunake amargi iku paninggala...
Blogger templates
Blog Archive
-
▼
2015
(20)
-
▼
Maret
(18)
- AC Milan Pesta Gol Lawan Cagliari
- PENGOLAHAN SAMPAH ORGANIK
- pengaruhipun mie instan kangge kasarsan
- Budaya remaja ndungkluk
- Kuda lumping, kedah dipunlestantunaken ugi dikemba...
- EGRANG
- Asma
- MUPANGATIPUN SAMPAH
- Budidaya Guwang Reregetan Wonten Wadahipun
- YOUTUBE
- DONYA KAPING KALIH KAGEM KOMUNIKASI
- GAMPIL LAN SUSAHE DAMEL KTP
- Teknik-Teknik Wonten Ing Olahraga Voli
- GEJOG LESUNG
- Kabudayan Tedhak Siten
- MEKARIPUN TEKNOLOGI KAGEM PARA SISWA
- TOMAT KANGGO KASARASAN
- WAYANG KULIT
-
▼
Maret
(18)
Diberdayakan oleh Blogger.
Rabu, 25 Maret 2015
Wayang kulit utawi ringgit wacucal menika salah satunggaling pagelaran ringgit ingkang maparaken lakon mahabharata
utawi ramayana ingkang ringgitipun dipundamel saking kulit. Kulit ingkang
dipundamel ringgit limrahipun ngagem kulit lembu, kebo, utawi mendha. Ringgit
wacucal menika jinisipun ringgit ingkang paling dipunremeni wonten ing Tanah Jawa. Sampun boten
rancu menawi sedaya tiyang Jawa mangertosi babagan ringgit wacucal menika,
ananging dereng temtu sedaya menika mangertosi kepripun lampahipun damel
ringgit wacucal.
......,...,Anggenipun damel ringgit wacucal menika, ngelewati mapinten-pinten lampah ingkang boten gelis. Lampah ingkang kapisan inggih menika nyawisaken bahan dhasararipun, inggih menika kulit. Kulit ingkang badhe dipundamel ringgit menika kedah dipunkerok rumiyin. Saderengipun dupunkerok, kulitipun dipunkum sewengi rumiyin. Lajeng enjingipun dipunpepe. Kulit dipun taleni wonten ing tengahipun gawangan. Wonten ing pinggiripun kulit dipunbolongi lajeng dipungelar mawi tali pangiket. Salajengipun wulu dikerok saking kulit ngangge kapak ngantos kulitipun alus. Lajeng kulit dipungosok ngangge kertas amplas ngantos alus. Menawi sampun alus, kulit menika dipunangkat saking gawangan.
......,...,Anggenipun damel ringgit wacucal menika, ngelewati mapinten-pinten lampah ingkang boten gelis. Lampah ingkang kapisan inggih menika nyawisaken bahan dhasararipun, inggih menika kulit. Kulit ingkang badhe dipundamel ringgit menika kedah dipunkerok rumiyin. Saderengipun dupunkerok, kulitipun dipunkum sewengi rumiyin. Lajeng enjingipun dipunpepe. Kulit dipun taleni wonten ing tengahipun gawangan. Wonten ing pinggiripun kulit dipunbolongi lajeng dipungelar mawi tali pangiket. Salajengipun wulu dikerok saking kulit ngangge kapak ngantos kulitipun alus. Lajeng kulit dipungosok ngangge kertas amplas ngantos alus. Menawi sampun alus, kulit menika dipunangkat saking gawangan.
.
Lajeng, ingkang kaping tiga inggih menika nyungging.
Nyungging inggih menika maringi warna wonten ing tatahan ringgit ingkang sampun
dados. Saderengipun ringgit dipunsungging, langkung rumiyin ringgit menika
dipunamplas malih supados alus. Sasampunipun kulit dipunamplas, lajeng ringgit menika
dipunsukani warni dhasaran. Saged ngagem warni pethak, saged ugi warni kuning. Sasampunipun
warni dhasar menika garing, lajeng dipunsukani warni cemeng ingkang prelu dipun
cemengi, kadosta : rikma, sanggul, muka. Lajeng dipunwiwiti merni saking warni
enem rumiyin lajeng warni-warni tua. Sasampunipun rampit, lajeng dipunprada
utawi brom. Prada inggih menika serbuk alus ingkang warninipun emas. Menawi
sampun dipunprada lanjeng ringgit dipuncawi. Cawi inggih menika hiasan
garis-garis ingkang alus. Corekan cawi awujud garis alit-alit. Lajeng dipundamel
drenjeman. Drenjeman inggih menika titik-titik cemeng alit ing
panggenan-panggenan ingkang prelu. Sasampunipun rampit, lajeng dipunulat-ulati kangge
macaki utawi ndandani muka utawi praenipun ringgit. Sasampunipun ngulat-ulati
lajeng dipundus ngangge pernis.
......,..,.Anggenipun damel ringgit pancen kedah nglewati kathah lampah, ananging sedaya menika kedah dipuntumindakaken kathi teliti supados kasil ringgit ingkang sae.
...........
Matursuwun
ARTIKEL SENI - EKSPOSISI
Nama _: Danang Tricahyono
No ....: 06
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
1 komentar:
Joss !!!
Posting Komentar