Popular Posts
-
Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawi masyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa ...
-
A. ANCAMAN DARI DALAM NEGERI Contoh-contoh bentuk ancaman terhadap NKRI dari dalam diantaranya adalah sebagai berikut : · ...
-
Sosial media menika kalebet salah satunggalipun awujud kemajengan Tekhnologi lan Informatika (TI) ingkang paling kuraos dening kawula...
-
Bill Gates : Sang Jenius Revolusi Software dan Master Abad Informasi
-
Kuda Lumping, Kedah dipunlestantunaken Ugi dipunkembangaken Wonten ing Indonesia, kathah kesenian ugi kebudayaan ingkang di...
-
Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika ...
-
Assalamualaikum Wr Wb إِلنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِ...
-
Sampah punika material tirah ingkang kebentuk saking mukawis proses. Sampah wonten kalih jinisipun inggih menika sampah organik kaliyan ...
-
ASMA Sinten ingkang dereng pirsa kaliyan asma. Asma menika penyakit ingkang njalari amargi wonten gang guan ing piranti...
-
1. Bentuk-bentuk Negara a. Negara Kesatuan (Unitaris) Negara Kesatuan adalah negara bersusunan tunggal, yakni kekuasaan unt...
Blogger templates
Blog Archive
-
▼
2015
(20)
-
▼
Maret
(18)
- AC Milan Pesta Gol Lawan Cagliari
- PENGOLAHAN SAMPAH ORGANIK
- pengaruhipun mie instan kangge kasarsan
- Budaya remaja ndungkluk
- Kuda lumping, kedah dipunlestantunaken ugi dikemba...
- EGRANG
- Asma
- MUPANGATIPUN SAMPAH
- Budidaya Guwang Reregetan Wonten Wadahipun
- YOUTUBE
- DONYA KAPING KALIH KAGEM KOMUNIKASI
- GAMPIL LAN SUSAHE DAMEL KTP
- Teknik-Teknik Wonten Ing Olahraga Voli
- GEJOG LESUNG
- Kabudayan Tedhak Siten
- MEKARIPUN TEKNOLOGI KAGEM PARA SISWA
- TOMAT KANGGO KASARASAN
- WAYANG KULIT
-
▼
Maret
(18)
Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 28 Maret 2015
Ing jaman ingkang modern menika kita ngraosaken kemajengan teknologi ingkang sae
sanget. Wonten kendaraan ingkang gampilaken kita sedaya ingkan badhe lelampahan
lan wonten Handphone ingkan gampilaken kegiatan kita sedaya. Handphone ingkang wonten ing zaman
menika gadahi fungsi ingkang kathah sanget kados kamera, internet, tv lsp.
Fitur ingkang wonten ing handphone
menika jalari para remaja betah ngematke layar handphone. Kathah alesan para remaja betah kalian handphone menika, handphone menika kagunakaken dening para remaja
kangge internetan, photo-photo lsp. Para wonten ingkan manfaataken handphone menika kangge hal-hal ingkang sae. Ananging boten sekedik ingkang ginakaken handphone menika kangge internetan lan hiburan kemawon.
Ing zaman menika kita gampil nemoni
remaja ingkang gadahi handphone,
boten sekedik saking para remaja menika malah gadahi handphone luwih saking satunggal. Kita ugi gampil nemoni remaja
ingkang nembe mlampah kanthi beta hape lan ngematake laya handphoneipun.
Kedadean menika ingkan kadang kasebat “Budaya remaja dungkluk” menapa saget
kasebat menika? Saget kasebat mekaten amargi saben wayah lan wonten pundi
kemawon remaja menika ngematake layar handphone.
Sebagian remaja ing zaman menika dungklukake sirahipun menika boten amargi
maringi hormat dhumateng tiyang sepuh ananging kangge ngadep layar handphone. Para remaja ngematake layar handphone menika boten terus wonten
kepentingan ngoten, boten. Kekatahan remaja menika ngematake layar menika ugi
kangge nambah percaya dirinipun wonten ing tempat umum. Remaja ingkang sampun
betha handphone menika ugi anggadahi
raos bangga lan ngrasa gaul lan hits. Malah remaja menika kadang boten
mangertosi kahanan lan papan dewekane ginakaken handphone menika. Kekancanan menika sakniki saget saking pundi
kemawo, boten kedhah ketemu langsung. Malah menawa nembe ketemu napa nembe
sesarengan kaliyan kanca menika kadang sibuk kaliyan handphoneipun
kiyambak-kiyambak.
Nah, mekaten menika artikel saking
pamikiran kula babagan budaya remaja ndungkluk menika. Kita ingkang dados
remaja ing zaman menika kedah manfaataken teknologi menika kangge hal-hal
ingkang sae lan ginakaken teknologi menika terutama handphone menika mangertosi
kahanan lan papan. Cekap semanten ingkang saget kula tulis, katha
kekiranganipun kula nyuwun pangapunten J
Kaserat
dening Arif Syafara ~ XI MIA 1
Sumber
:
·
Pemikiran
·
Pengamatan
·
Pengalaman
·
Detik.com
·
Forum
kaskus
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

0 komentar:
Posting Komentar