Popular Posts

Blogger templates

Diberdayakan oleh Blogger.
Sabtu, 28 Maret 2015

Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika awujud samubarang ingkang sampun boten kangge malih. Lan malih sampah punika minangka barang ingkang kathah-kathahipun damel kita jijik utawi mboten purun malih ningali, mendhet, ngambet, punapa malih migunakaken.

Ananging, sedaya paningal ingkang sampun kasebat kalawau punika sejatosipun boten sedaya leres. Kenging punapa kok mekaten? Pancen leres menawi kita tingali sakeplasan, sampah minangka barang ingkang boten wonten ginanipun. Ananging menawi kita saged tliti malih, sampah saged dipunolah malih dados barang ingkang wonten mupangatipun tumrap kita sedaya. Malah saged nambahi pengasilan kita sabendintenipun.

Cobi kita penggalih malih, menawi kita tingali, pinten kintal sampah ingkang dipunasilaken warga saben dintenipun. Lajeng sampah punika diwucal kemawon, tanpa wonten niyatan dipunolah malih. Menawi saged kaetang, karugen kita kathah sanget menawi sampah kalawau namung diwucal utawi diobong kemawon. Cobi dipungalih, pinten rupiyah ingkang kedah dipunbayar dening warga kangge mbucal sampah, kadosta ing perumahan ingkang wonten petugas khusus sampah. Dereng malih karugen ingkang boten saged dietang ngangge rupiyah, kados sampah ingkang diwucal saenggen-enggen saged nuwuhaken kathah penyakit kaliyan dipuntingali kirang sekeca.

Kasunyatan kados makaten punika miturut kula wonten cara kangge nanggulanginipun. Sampah ingkang saged dipunolah punika kagolongaken wonten kalih, inggih punika sampah organik kaliyan sampah anorganik. Saderengipun kita mbucal sampah, kita kedah mbentenaken antawisupun sampah organik lan sampah anorganik. Kalih jenis sampah punika kedah dipunbentenaken rumiyin. Menawi sampun kita bentenaken, sampah organik punika kita tampung ing bak khusus utawi dipunpendhem menawi kagungan lahan, ingkang wusananipin saged dados kompos. Dene sampah organik kita bentenaken malih, pundi ingkang kalebet kertas, plastik utawi sanesipun. Saking sampah anorganik kita saged ngasilaken kompos ingkang saged dipun sade malih kanthi kemasan ingkang sae. Saking sampah kering ingkang wujud kertas, plastik, alumunium, wesi utawi sanesipun ugi saged kita sade ing pengepul barang-barang bekas. Utawi saged dipunolah piyambak dados kerajinan saking sampah daur ulang.

Cara sanes kagem pengolahan sampah ingkang menika nerapaken 3R (Reduce, Reuse, Recycle). Reduce inggih menika ngirangi jumlahipun larahan sakedhik - kedhik. Reuse inggih menika damel malih supados saged ngirangi jumlahipun sampah. Recycle inggih menika barang - barang ingkang sampun boten saged didamel dipunolah malih dados barang - barang ingkang saged dipun sade. Kita saged angsal bathi saking barang-barang ingkang ulang menika.  Tamtu kemawon salah satunggalipun ingkang dados tujuanipun inggih punika  ngirangi sampah ingkang kathah sanget, samanten ugi kita inggih saged pikanthuk penghasilan ingkang kathah saking sadean barang-barang daur ulang punika, kaliyan saged ngasilaken produk - produk ingkang ramah lingkungan saengga nyiptakaken lingkungan ingkang endah asri.

Menawi sedaya kalawau saged dipuntindakaken dening sedaya warga, mendah remenipun Bapak Wali Kota ningali lingkunganipun resik lan warganipun saged nambahi pengasilanipun. Ananging sedaya punika bakal saged kaleksanan bilih dipunsengkuyung dening sedaya pihak ingkang wonten gegayuhanipun.

Pramila kita kedah gadahi kesadaran kangge utamanipun mbucal sampah dhateng panggenanipun, ugi milahi malih supados nggadhati regi sade ingkang cekap inggil saking sampah-sampah punika, supados wonten kesadaran enggal inggih punika sampah mboten malih dados masalah nanging dados peluang.



Referensi :


ARTIKEL LINGKUNGAN - ARGUMENTASI
Nama    : Fitriatun Noor Hanifah

No         : 10

0 komentar: