Popular Posts
-
1. Bentuk-bentuk Negara a. Negara Kesatuan (Unitaris) Negara Kesatuan adalah negara bersusunan tunggal, yakni kekuasaan unt...
-
1. Pengertian Kedaulatan Kedaulatan adalah kekuasaan yang tertinggi dalam suatu negara yang berlaku dalam seluruh wilayah dan se...
-
Sosial media menika kalebet salah satunggalipun awujud kemajengan Tekhnologi lan Informatika (TI) ingkang paling kuraos dening kawula...
-
A. ANCAMAN DARI DALAM NEGERI Contoh-contoh bentuk ancaman terhadap NKRI dari dalam diantaranya adalah sebagai berikut : · ...
-
Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawi masyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa ...
-
Bill Gates : Sang Jenius Revolusi Software dan Master Abad Informasi
-
Kuda Lumping, Kedah dipunlestantunaken Ugi dipunkembangaken Wonten ing Indonesia, kathah kesenian ugi kebudayaan ingkang di...
-
Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika ...
-
Assalamualaikum Wr Wb إِلنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِ...
-
Sampah punika material tirah ingkang kebentuk saking mukawis proses. Sampah wonten kalih jinisipun inggih menika sampah organik kaliyan ...
Blogger templates
Blog Archive
-
▼
2017
(13)
-
▼
Februari
(13)
- PKn - Kedaulatan
- PKn - PERBANDINGAN ANTARA NEGARA SERIKAT DENGAN NE...
- PKn - Bentuk Negara dan Pemerintahan
- PKn - HAM (Hak Asasi Manusia)
- Penjas - Athletic: Lompat
- Penjas - Athletic: Lari
- Basa Jawa - Sesorah: ADICARA BERSIH DUSUN
- Basa Jawa - Nguri-uri Kabudayan Jawa
- PKn - AGHT: Bentuk Ancaman Terhadap NKRI
- Dakwah Islam: Menuntut Ilmu
- English - Contoh Introduction
- Bahasa Indonesia - Contoh Teks Prosedur: Prosedur ...
- Bahasa Indonesia - Contoh Teks Biaografi: Bill Gates
-
▼
Februari
(13)
Diberdayakan oleh Blogger.
Senin, 30 Maret 2015
Sampah
punika material tirah ingkang kebentuk saking mukawis proses. Sampah wonten
kalih jinisipun inggih menika sampah organik kaliyan sampah anorganik. Sampah organik inggih menika barang
ingkang dipunanggep sampun boten kangge ugi dipunbucal panganggene ananging
taksih saged diginaaken menawi dikelola kaliyan prosedur ingkang leres, tuladha
sampah organik inggih menika ron-ron aking, jerami lsp. Sampah anorganik inggih menika barang ingkang dipunpikantukaken
saking bahan-bahan non-hayati, sae arupa produk sinterik ugi sumber daya alam
ingkang boten saged diuraikan dening alam, tuladhanipun botol plastik, tas
plastik, tempolong.
Sampah
organik dipunpitadosi dados penyumbang paling ageng ningkataken akumulasi
sampah wonten kitha ing Indonesia amargi umumipun sampah organik ngrumpikaken
komposisi sampah paling ageng inggih menika 60-70%. Mila kedah dipuntumindakake
upaya-upaya kangge ngirangi pambucalan sampah organik datheng TPA. Salah
satunggal upaya ingkang saged dipuntumindakake inggih menika damel kompos
saking sampah organik (metode pengomposan).
Pengomposan
menika upaya pengolahan sampah organik ingkang nggadhahi prinsip dasar ngirangi
bahan-bahan organik sacara terkontrol dados
Minggu, 29 Maret 2015
Sinten ingkang boten ngertos mie
instan? Mie instan sampun populer sanget kangge kabeh uwong. Mie instan gampang
di temokake wonten ngendi-ngendi. Mie instan menika gampang dikonsumsi lan
boten suwe proses masake, rasane enak lan biasa dikonsumsi kaliyan uwong-uwong
ingkang boten remen masak, biasanipun dikonsumsi kaliyan anak-anak kos ingkang
boten purun susah-susah golek lan masak. Selain enak lan gampang gawenipun,
reganipun mie instan nggih murah satemah kathah uwong remen ngonsumsi mie
instan. Nanging mie instan menika uga nggadahi dampak sing boten apek nalika
dikonsumsi saben dinten.
Dampakipun
nalika ngonsumsi mie instan saben dinten inggih menika saged nyebabake kanker.
Kandungan ingkang wonten ing mie instan menika saged nyebabake kanker. Ngganggu
sistem pencernaan, mie instan yen dikonsumsi luwih saking pisan sedinten saged
ngganggu pencernaan. Kandungan lemak ingkang wonten ing mie instan inggih cukup
kathah satemah saged nyebabake pengaruh ingkang boten apek kangge kesehatan. Ing
jeronipun mie instan uga wonten lilin lan pengawete satemah nalika damel mie
instan kedah dimasak kaping 2 supaya kandungn lilin lan formalin ilang. Yen
kepingin kandungan gizi wonten ing mie instan menika lengkap, nalika damel mie
instan kedah ditambahi sayur-sayuran,
kayata kol, sawi, tomat, brokoli, wortel. Sing paling penting inggih menika
boten ngonsumsi mie instan saben dinten.
Ngonsumsi
mie instan niku boten salah, anggere boten saben dinten. Luwih apik yen mie
instan menika digantos kaliyan panganan ingkang luwih sehat. Yen kepingin maem
mie instan, luwih apik dimasak kaping 2 supaya pengawet ingkang wonten ing mie
instan ilang. Luwih apik malih yen damel mie instan ditmbahi sayur-sayuran supaya
gizinipun luwih lengkap. Sing leres menika ngonsumsi mie instan namung yen
kepepet kemawon lan boten saben dinten satemah kasarasan kita sedaya kejaga.
Artikel argumentasi kasarasan
Nama : Aida Fitria Fariati Muria
No : 01
Sabtu, 28 Maret 2015
Ing jaman ingkang modern menika kita ngraosaken kemajengan teknologi ingkang sae
sanget. Wonten kendaraan ingkang gampilaken kita sedaya ingkan badhe lelampahan
lan wonten Handphone ingkan gampilaken kegiatan kita sedaya. Handphone ingkang wonten ing zaman
menika gadahi fungsi ingkang kathah sanget kados kamera, internet, tv lsp.
Fitur ingkang wonten ing handphone
menika jalari para remaja betah ngematke layar handphone. Kathah alesan para remaja betah kalian handphone menika, handphone menika kagunakaken dening para remaja
Kuda
Lumping, Kedah dipunlestantunaken Ugi dipunkembangaken
Wonten
ing Indonesia, kathah kesenian ugi kebudayaan ingkang dipunwarisaken sacara
turun-tumurun saking simbah buyut rumiyin ngantos generasi saniki. Saniki
kathah kabudayan jaman rumiyin ingkang
taksih dipun lestarekaken ananging
kathah ugi kabudayan ingkang ical amargi boten wonten generasi penerus ingkang
kersa nglestarekaken kabudayaan punika.
Saniki, kita dados pewaris saking seni budaya tradhisional ingkang sampun samestinipun nglestantunaken
lan ngembangaken, supados boten ical/punah. Kadosdene kesenian tradisional
ingkang ngantos saniki taksih dilestarekaken inggih menika tarian “Kuda Lumping”.
Saniki,
kesenian kuda lumping taksih dados pertunjukan ingkang cekap terpikat damel remen manah paningalipun. Peninggalan
seni menika keberadaanipun awit bersaing kaliyan mlebetipun budaya lan kesenian
asing wonten ing tanah air, ananging
jogedan
menika taksih ningalaken daya tarik langkung inggil.
keunikan dolanan kuda Lumping menika boten badhe ucul
dari saking nuansa
magis . kathah pelakon dumugi
penonton
ingkang asring kesurupan. Kirangan hal menapa
ingkang saged damel pemainipun kados tiyang kesurupan. Dipuntingali saking cara
pemainipun, para penari kuda lumping kados gadhahi kekiyatan ingkang ageng,
bahkan terkesan gadhahi kekiyatan supranatural.
Kesenian tari ingkang ngginakaken jaran-jaranan kedamel saking pring mawi
dipuniringi kaliyan musik gamelan kados gong, kenong, kendang lan selompret
niki, jebulna saged damel penonton terkesima dening saben atraksi
penunggang/penari kuda lumping. Linangkungipun, penari kuda lumping
tradhisional ingkang sejatosipun umumipun dipunperanaken kaliyan bocah wadon.
Saniki,
pemain kuda lumping langkung kathah dipunlakoni dening anak jaler. Uni
setunggal pecutan (cemethi) ageng ingkang sengaja dipunengge para pemain
kesenian niki, kados awal dolanan ugi mlebetipun kekiyatan mistik ingkang saged
ngicalaken kesadaranipun pemain. Kaliyan minggahi jaran saking anyaman pring
kasebat, penunggang jaran ingkang saben gelangan sukunipun dipunsukani
kerincingan nikia aiti jingkrak-jingkrak, melompat-lompat ngantos guling-guling
ing lemah (siti).
Kajawi lompat-lompat, pamangga kuda lumping numindakaken atraksi
sanesipun, kados nedha beling uga ngonceki sabut krambil kaliyan untunipun. Beling
(kaca) ingkang dipun tedha
yaiku bohlam lampu. Lahapipun piyambakipun nedha beling kados prayoginipun
tiyang luwe, boten mringis kesakitan uga boten enten rah ing kala piyambakipun
mantep beling-beling kasebat.
Pemerintah
ugi masyarakat dikarepaken
supados
sacara terus-nerus nelusuri wangsul kabudayan menapa ingkang ngantos kala niki
hampir boten miring malih, kagem selanjutipun dipunmekaraken uga dipun
lestantunaken wangsol aos-aos kabudayaan Indonesia.
ARTIKEL SENI – ARGUMEN
Nama :
Diani Fadmi Putri
Kelas/No : XI MIA 1/08
EGRANG
Egrang inggih menika salah satunggaling
dolanan ingkang wonten ing Jawa, ingkang dipundamel saking pring. Egrang saged
dipunagem dene sinten kemawon.
Egrang
saged dipunagem dene sinten kemawon. Egrang sampun wonten ing Indonesia
saderengipun jaman Kamardikaan Indonesia, inggih menika jaman landa. Egrang boten
prelu dipuntindaken wonten ing latar ingkang wiyar lan saged dipunagem wonten
ing pundi kemawon.
Artikel punika badhe ngaturakaken cara
damel egrang. Damel egrang menika namung gampil.
ASMA

Sinten ingkang dereng pirsa kaliyan asma. Asma menika penyakit ingkang njalari amargi wonten gangguan ing piranti ambegan kados gorokan abuh utawi ciyut, pramila ambegan
kaganggu utawi sesek. Kala-kala napasipun dados sesek. Asma menika amargi saluran ingkangge ambegan ingingkang dados ciyut amargi hiperaktivitas amargi rangsangan ingingkang ndadosaken radang lan saluran
ambegan ingingkang ciyut sakuntawis wekdal.
Gerah asma
kedadosan saking ciutipun saluran ambegan amargi respon dhumateng rangsangan ingkang wonten ing paru-paru. Ciyutipun saluran ambegan amargi saking pinten-pinten
kedadosan rangsangan, kayata saking serbuk sari,
abluk, wulu kewan, keluk, hawa ingkang atis, lan olahraga.
Nalika
kengeng serangan asma, otot polos saking bronki
nglampahi kejang lan jaringan ingkang nglapisi saluran udara dados aboh amargi wonten
peradangan (inflamasi) lan lender
wonten ing salebeting saluran udara. Kados ngoten menika badhe nyilikaken diameter saking saluran udara (kasebut bronkokonstriksi) lan penyempitan niki
ndadosaken penderita kedah ngupayakaken sekuwat tenaga supados saged ambegan.
Sel-sel
tartamtu sajroning saluran udara, yaiku mastosit . Mastosit
wonten ing sadawanipun bronki menika nguculaken bahan kados histamin lan leukotrien ingkang ndadosaken: - kontraksi otot polos - peningkatan pembentukan lendir - pindahing sel darah putih tartamtu
wonten ing bronki. Mastosit ngetokake bahan iku minangka respon marang barang
asing (alergen), kayadene serbuk sari, abluk alus utawi wulu kewan. Gejalanipun asma inggih menika mengi lan wathuk.
Kalawau
menggah menika panjelasanipun bab asma. Ananging kita kedah njagi
kasarasan kita sesarengan lan kedah mbenthengi dhiri .
http://gejalapenyakitlo.blogspot.com/2013/11/cara-mengatasi-dan-mencegah-penyakit_4498.html
ARTIKEL
KASARASAN-DESKRIPTIF
Nama :
Anggun Kusuma Dewi
Kelas/No : XI MIA 1 / 03
Langganan:
Postingan (Atom)




