Popular Posts
-
Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawi masyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa ...
-
1. Pengertian Kedaulatan Kedaulatan adalah kekuasaan yang tertinggi dalam suatu negara yang berlaku dalam seluruh wilayah dan se...
-
Wayang kulit utawi r inggit wacucal menika salah sa tunggaling pagelaran ringgit ingkang maparaken lakon mahabharata utaw i ramayana...
-
Sampah punika saged arupi “sampah organik” lan “sampah anorganik”. Kita sampun sami mangertosi bilih ingkang dipunwastani sampah punika ...
-
1. Bentuk-bentuk Negara a. Negara Kesatuan (Unitaris) Negara Kesatuan adalah negara bersusunan tunggal, yakni kekuasaan unt...
-
1. Pengertian HAM Hak Asasi Manusia adalah hak yang melekat pada manusia secara kodrati. Hak Asasi Manusia dalam bahasa Inggr...
-
No Aspek Yang Dibandingkan Serikat Kesatuan 1 Hak Veto DPRD DPRD memiliki...
-
Bill Gates : Sang Jenius Revolusi Software dan Master Abad Informasi
-
Kuda Lumping, Kedah dipunlestantunaken Ugi dipunkembangaken Wonten ing Indonesia, kathah kesenian ugi kebudayaan ingkang di...
-
Assalamualaikum Wr Wb إِلنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِ...
Blogger templates
Blog Archive
-
▼
2017
(13)
-
▼
Februari
(13)
- PKn - Kedaulatan
- PKn - PERBANDINGAN ANTARA NEGARA SERIKAT DENGAN NE...
- PKn - Bentuk Negara dan Pemerintahan
- PKn - HAM (Hak Asasi Manusia)
- Penjas - Athletic: Lompat
- Penjas - Athletic: Lari
- Basa Jawa - Sesorah: ADICARA BERSIH DUSUN
- Basa Jawa - Nguri-uri Kabudayan Jawa
- PKn - AGHT: Bentuk Ancaman Terhadap NKRI
- Dakwah Islam: Menuntut Ilmu
- English - Contoh Introduction
- Bahasa Indonesia - Contoh Teks Prosedur: Prosedur ...
- Bahasa Indonesia - Contoh Teks Biaografi: Bill Gates
-
▼
Februari
(13)
Diberdayakan oleh Blogger.
Indonesia inggih punika salah satunggaling
negari ingkang gadhah maneka warni kabudayan pramila nguri-uri budaya
ingkang sampun wonten dados kuwajiban kita. Salah sawijining adat istiadat lan kabudayan
wonten Indonesia inggih punika adat istiadat lan kabudayan jawi. Adat istiadat jawi inggih punika salebeting
tata cara ingkang sampun di uri-uri dening tiyang sepuh saha sampun turun
temurun saking tiyang sepuh ngantos generasi saniki. Pramila budaya inggih
punika salah sawijining bab ingkang kedah dipun uri-uri. Kathah sanget paedah
ingkang saged dipunpendhet saking nguri-uri budaya jawa, salah
satunggalipun inggih punika kangge nyatuaken bangsa. Salah satunggalipun adat
istiadat lan kabudayan ingkang dipungginakaken dening tiyang jawi inggih menika
tedhak siten.
Tedhak siten inngih punika salah
satunggaling kabudayan jawi kagem lare yuswanipun 7 wulan utawi 245 dinten,
nalika lare menika nembe sepindhah ajar mlampah. Tedak siten asalipun
saking kalih tembung, inggih punika "tedhak” utawi idhak,
tegesipun madhap lan“siten" saking
tembung siti ingkang tegesipun bumi. Dados Tedhak siten gadhahi
pangertosan ngidhakaken suku wonten ing siti/pertiwi. kabudayan punika wonten
daerah sanes uga wonten, tuladhanipun ingkang kasebut upacara injak
tanah wonten daerah Jakarta, dening suku Betawi utawi uga wonten
ingkang kasebut mandhap siti. Tedhak Siten nggambaraken
kasiapan lare kangge nglakokaken pagesangan ingkang becik ing mangsa benjang.
Upacara tedhak siten gadhah teges celakipun manungsa kaliyan bumi, Awit
nglakokaken pagesangan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat
lan anjaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah
barang ingkang dipunbutuhaken kangge pagesanganipun manungsa. Ing budaya jawi
wonten kapitadosan masyarakat bab tedhak siten inggih menika yen lemah punika
gadhah makna ghoib lan dijaga kaliyan Bathara Kala, kangge ngindari kadadeyan
ingkang boten becik pramila diwontenaken upacara tedhak siten.
1. Pengaro : ingkang dipunisi kaliyan sekar setaman.
2. Kurungan : kangge nggambaraken menawi donyanipun lare tasih sekadhik utawi ciut.
3. Maneka warni barang ingkang diparingkaken wonten ing salebeting kurungan ingkang nggambaraken dangunipun pagesangan lan kawajibanipun manungsa nalika pados nafkah, kayata:
a) Pari sabengket.
b) Kapuk sabengket.
c) Piranti nulis.
d) Bokor ingkang dipunisi beras kuning.
e) Maneka warni jinis arta.
f) Perhiasan.
4. Klasa ingkang tasih anyar, kangge lemek wonten ing salebeting kurungan.
5. Udik-udik utawi arta logam ingkang dipuncampur kaliyan sekar
6. Tangga tebu/arjuna : inggih menika tebu ingkang gadhah warni ungu ingkang nggambaraken undhak-undhakanipun pagesangan ingkang badhe ditindhakaken lare.
7. Jadah pitung werna : inggih menika abrit, pethak, cemeng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesipun kangge ngemutaken lare menawi pagesangan kedhah waspada saking godaan maneka warni.
8. Bancakan : kayata sekul gudhangan ingkang dipunbagekaken marang para tamu ingkang rawuh.
Tata caranipun upacara tedhak siten kapisah dados 7 babagan. Urut-urutane tedhak siten inggih menika tedhak sekul pitung warni, mandhap tangga tebu, ceker-ceker wonten ing pasir. kurungan, sebar udik-udik, siraman lan lare dipundandhani.
Ingkang
sepindhah, lare menika dipuntun mlampah majeng lan ngidhak jadah 7 werni
ingkang kadamel saking ketan inggih menika: abrit, pethak, cemeng, jene, biru,
ungu lan jambon. Jadah menika dipuntata saking warna ingkang padhang ngantos
warni ingkang peteng, pralambang lare punika saged ngliwati tantangan wonten
ing pagesangan. Lan pagesangan punika boten gampil, sedanthen alangan ingkang
dipunrasakaken mangkeh mesthi bakal wonten.
Ingkang kaping kalih, lare punika dipuntuntun
minggah tangga ingkang kadamel saking wit tebu/arjuna lajeng mandhap. Tebu
saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun inggih punika tekad ati ingkang
mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados lare saged kadados Arjuna, ingkang gadhahi
watak satria lan gadhahi tanggung jawab. Lelakonipun becik lan remen tetulung , bela kabeneran , lan bakti kaliyan negari.
Ketiga inggih menika lare dipuntuntun wonten
ing pasir. lare punika nyeker-nyeker wonten ing pasir, ingkang gadhahi teges benjang lare saged
nyukupi kaperluanipun piyambak menawi sampun ageng.
Ingkang kaping sekawan, lare dipunlebetaken
dhateng kurungan ingkang kadamel sae lan dipunlambari klasa, wonten dalem kurungan
kathah bandha-bandha kayata pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis,
bokor ingkang dipunisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan perhiasan.
Kurungan nglambangaken donya, dados nalika lare menika mlebet donya lan ing
salebeting pagesangan saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun
dipilih saking alit.
Ingkang kaping gangsal, bapak lan simbahipun lare
nyebar udik-udik utawi duit logam ingkang sampun dicampur kaliyan sekar, supados
lare nalika ageng saged dados lare ingkang dermawan lan remen tetulung, remen
menehi, lan gampil pados rejeki.
Ingkang kaping enem inggih menika lare diadusi
ngangge toya setaman ingkang sampun dicampur kaliyan sekar(melathi, mawar, kenanga
lan kanthil)
Kapitu, ing pungkasan upacara lare dipundandani
ngagem rasukan resik lan sae, supaya si lare gadhahi margi pagesangan ingkang becik
lan saged damel remen kaluwargan. Punika karepe ing pagesangan, lare punika
saged arum asmanipun piyambak lan saged ngarumaken asma kaluwarganipun.
Dene ancasipun tedhak siten, atur puji sukur
marang gusti Allah, dene sampun maringi kekuatan sarta keslametan ngantos saged
ngidak bumi lan saged gesang mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged
dhahar.
Tedhak siten punika salah
satunggalipun kebudayaan masyarakat jawa ingkang sampun digerus zaman. Tedhak
siten dipun wontenaken ing jawi, kalebet budaya jawa kang prelu dipunuri-uri.
referensi:
ARTIKEL KABUDAYAN - DESKRIPTIF
Nama : Herny Ernawaty
No : 12
Kawontenan teknologi wonten ing jaman saniki
menika gadhah kathah kagunaannipun. Saking kagem komunikasi, madosi bab ingkang
boten mangertos kanthi ngginaaken sambungan internet, ningkataken
produktivitas industri, lsp. Tumrap
para siswa, mekaripun teknologi menika saged nggampilaken
siswa ningkataken wawasanipun. Teknologi kados mekaten saged nggampilaken anggenipun para siswa madosi bab
napa kemawon saking internet.
Mekaripun teknologi
informasi saha komunikasi menika kedah kita kuasi, amargi kagem nggampilaken
kita anggenipun komunikasi kanthi global. Amargi komunikasi kanthi wontenipun
internet menika sampun ngubah cara komunikasi tiyang kathah sanesipun.
Tuladhanipun ngagem e-mail, e-mail menika kunci utama rubahing tata
cara komunikasi. Kanthi satunggal alamat e-mail,
kita sedanten saged tumut kathah model komunikasi ingkang wonten ing internet.
Kayata : situs jejaring sosial ( facebook,
twitter, instagram, BBM, LINE, lsp ),
blog, situs sharing file, e-learning, lsp. Ananging kita kedhah empan papan ngagem teknologi punika.
Ananging boten saged kita pungkiri menawi mekaripun teknologi gadhah dampak
ingkang boten sae tumrap para siswa. Tuladhanipun para siswa dados tiyang
ingkang individualis amargi napa kemawon madosi wonten internet. Kejawi menika,
wontenipun internet boten namung muat bab ingkang sae sedanten,
ananging uga bab ingkang kirang trep kagem para siswa sekolah saha para
pengagem internet sanesipun. Tuladhanipun wonten gambar
utawi video
porno ingkang saged ngrusak
moral para pengagem internet. Mula kita
sedaya kedah ngginaaken internet kanthi bener, uga mbentengi dhiri kanthi iman takwa
lan jumbuh kaliyan niat ingkang sae.
ARTIKEL NARASI-TI
AL SALNA AIFAH NITIYUDO (02)
Langganan:
Postingan (Atom)

