Popular Posts

Blogger templates

Diberdayakan oleh Blogger.
Minggu, 26 Februari 2017




Assalamu’alaikum Wr. Wb.­­­­
Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten.
Bapak Sukimin minangka Kepala Dusun Jelok ingkang satuhu kinurmatan.
Warga Dusun Jelok, Desa Pundungsari, Kec. Semin  ingkang tansah bagya mulya.
Sumangga langkung rumiyin kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit sampun paring sedaya kanikmatan lan kasarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya satemah dumugi samenika kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten ing adicara bersih dusun Jelok.
Ing mriki, kula minangka pangarsa bebadan badhe ngandharaken sekedhik babagan  adicara menika.
Ing adicara menika, badhe dipunpentasaken Tari Tayub kangge hiburan dhumateng warga dusun. Tari Tayub menika salah satunggal seni pertunjukan masyarakat Jawa. Tayub nglambangaken ungkapan rasa seneng kangge nyambut tamu ugi nglambangaken pesta rakyat.  Tayub menika tari berpasangan antawis ledhek kaliyan pengibing. Acara tayuban limrahipun dipunwiwiti kaliyan tarian putri, lajeng pengibing nembe mlebet dipuntarik kaliyan slendangipun penari ledhek. Gendhing ingkang dipunalunkan pesinden limrahipun sekar-sekar langgam campursari.
Kula lan panjenengan sedaya mesthinipun sampun boten asing malih kaliyan tarian menika. Tayub menika sampun kawentar kangge masyarakat semin. Pramila kula boten prelu njlentrehaken panjang lebar.
Tari Tayub menika taksih dipunpentasaken wonten daerah Yogyakarta kala menika. Ananging, kawontenan Tari Tayub wingkingan menika ketingal kirang dipunperhatosaken dening masyarakat Kabupaten Gunungkidul. Pramila kula lan panjenengan sedaya kedah nglestantunaken tari menika kanthi ngadhanaken pentas tari tayub kados dene wekdal menika.
Para sedherek ingkang kinurmatan,
Mugi-mugi, tari tayub menika saged lestantun ngantos generasi anak cucu kula lan panjenengan sedaya satemah piyambakipun saged ningali seni tari tradisional menika.
Bok bilih mekaten sekedhik ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi adicara bersih dusun menika saged lancar tanpa satunggal alangan punapa. Sumangga kula lan panjenengan sedaya wiwiti kaliyan dedonga sesarengan rumiyin..............
Ing mriki, kula minangka wakil saking sedaya bebadan nyuwun pangapunten ingkang saagengipun bok bilih anggen kula matur kathah kekirangan saha kalepatan.
Sumangga kula lan panjenengan sedaya sesarengan ningali tari tayub ingkang badhe pentas.
Maturnuwun awit saking wekdal lan kawigatosipun
Wassalamu’alaikum Wr. Wb



Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawi masyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa jawi ananging dipersani langkung cerak malih sakleresipun sekedig sanget tiyang ingkang pinter basa Jawi ingkang leres lan lancar. Tiyang ingkang kepengin lesantonaken budayanipun mesti saged kedah nyinaoni bahasanipun langkung rumiyin. Sedaya wau boten lepas saking kita piyambak dados generasi saklajengipun ingkang kedah saged ngerasakakenipun sedaya jerih payah pendahuluipun kaliyan mbeta kabudayaan Jawi dados di mangertosipun ten pundi-pundi lan sakmenika gemblengna tekadipun saha gayohen cita-cita menika kanthi ngangkat ngangkat dhuwur kabudayaanipun piyambak kemawon.


A.    ANCAMAN DARI DALAM NEGERI
Contoh-contoh bentuk ancaman terhadap NKRI dari dalam diantaranya adalah sebagai berikut :
·         Adanya wilayah yang ingin membebaskan diri dari NKRI. Contohnya Timor Timur berhasil melepaskan diri dan mendirikan negara baru, yaitu Timor Leste
·         Korupsi yang menimbulkan kerugian keuangan negara
·         Pertikaian antarsuku atau kelompok adat dalam masyarakat. Contohnya : perang sampit antara dayak dan madura
·         Memudarnya sikap nasionalisme, patriotisme pada generasi muda.




Assalamualaikum Wr Wb
إِلنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. lأَمَّ  بَعْدُ


Hasil gambar untuk perkenalan
Perkenalan (introduction) adalah penting dalam sebuah awal pertemuan dengan seseorang. Dibawah ini adalah contoh perkenalan dalam bahasa Inggris


Prosedur Pembuatan Paspor
Hasil gambar untuk paspor


Bill Gates : Sang Jenius Revolusi Software
dan Master Abad Informasi
Hasil gambar untuk bill gates